header cah kesesi ayu tea

KEMANJON

Assalamu'alaikum, kanca-kanca.. Pimen kabare? Apik kan? Bada Ied Adha, pada qurban apa? Sapi apa wedhus? Sing wis bisa qurban ya Alhamdulillah, sing durung bisa qurban ya ora apa-apa, mbokan tahun mbesok bisa melu qurban. :D

Oiya, nyong lagi kepingin posting nganggo boso Jowo kie, wis suwe teo ora nulis nganggo boso Jowo. Ben nyong ora kangelan, kaya biasane nyong arep nulis cara logate wong Kesesi.Ngampurane nek misale ana sing ora paham, yak!

Mau awan, kaya wektu-wektu biasane kan Noofa turu. Tapi gara-gara lagi ana tanggane sing rehab umah, ana suara-suara sing gawe Noofa keganggu akhire ora turu-turu. Nek jarene wong tua, Noofa kemanjon. Nyong asli nembe ngerti istilah iki. Kemanjon kui ora bisa-bisa turu, karena wis kelewat wektune turu akhire bocah cilik dadi rewel. Pancen rodho angel lek mastekake artine sing pas. Tapi contone kui misale ana bayi atawa bocah cilik sing biasane turu jam 10 isuk, tapi bocah kui ora bisa turu-turu nganti kelewat wektune, misale nganti jam 11 kok ora turu, udu mergo deknen dolanan dewe, tapi mergo pancen ora bisa turu, nah biasane bocah cilik kui bakale rewel. Pernah krungu kan bocah cilik nangis rewel? bisa dadi kui bocah lagi ngalami sing arane kemanjon.

Nyong ngerti istilah kemanjon iki seko Mbah-Mbah sing dodol sayur. Simbahe ngomong Noofa lagi kemanjon yo, Nok. Ora bisa turu!. Lha nyong maune kui mudenge kemanjon kui aleman (manja). Rewele Noofa tak kira ya rewel mergo aleman, jebule rewel kemanjon ora bisa turu.

Jarene, asal boso kemanjon kui soko bosone wong Banyumas. Tapi nyatane nyong ngerti boso kui pas nang Semarang. Berarti boso Jowo kui sugih tenan. Istilahe akeh, tapi yen diterjemahke neng Bahasa rodho njlimet. Hehehe

Yen kanca-kanca kabeh, ngerti istilah kemanjon pora? Misale ana sing sejen artine, tolong ngaweh ngerti arti kemanjon nang Daerahe kanca-kanca kui apa..? Ben nyong dadi ngerti lan akeh kosakata anyar. :D

Matur suwun, Wassalam
Noorma Fitriana M. Zain
Noorma Fitriana M. Zain, seorang Ibu Rumah Tangga dengan dua anak perempuan yang cantik, hobby menulis dan berselancar di dunia maya, Ia berasal dari Kesesi - Pekalongan, dan kini domisili di Semarang. Lulusan Pascasarjana Unnes ini bercita-cita ingin menjadi Abdi Pendidikan yang bermanfaat di dunia maupun di akhirat. Amin

Related Posts

1 comment

Post a Comment