header cah kesesi ayu tea

KESESI

Sedurunge nyong arep njaluk ngampura ndisit ya, soale nyong kepengin melu Una sing wis tau posting nganggo boso jowo, lan saiki nyong arep nulis postingan nganggo boso jowo, hehe... tapi aja pada bingung ya, soale nyong kie nulise pancen nguja nganggo boso jowo logat asli wong Kesesi Kab Pekalongan, nek ana sing bingung, yaa ngko bisa langsung takon maring nyong, nek ora ya bisa takon maring lurahe Kesesi.. hihihi..

Nang kene nyong arep nulis tentang Kesesi , tulung di waca kanthi temenanan ya, ben bisa pada paham, jelas lan ngerti apa sih Kesesi kui? :)
 
Akeh toe wong sing esih bingung apa sih kui Kesesi lan bisane blog kie dijenengi Cah Kesesi Ayutea, gembiyen nyong pancen ora pengen ngaweh ngerti maring wong akeh apa kui kesesi, tapi saiki nyong arep bukak-bukakan paring kanca-kanca kabeh.

Kesesi
Kesesi kui jeneng salah siji Kecamatan nang Kabupaten Pekalongan, Pekalongan kui anane nang Jawa Tengah. nyong ndelok nang wikipedia, ana uga mahasiswa sing wis ngaweh ngerti, bisa langsung maring KENE yen penasaran :)

Kesesi kui kecamatan sing paling kulon lan paling kidul, perbatasane Pemalang lan Banjarnegara. sak kulone Kesesi wis melu Kabupaten Pemalang, Sak kidule Kesesi wis melu Banjarnegara. nek sak lore Kesesi ana Kecamatan Comal Kabupaten Pemalang, Sak watane Kesesi ana kecamatan Kajen, sing pada bae melune Kabupaten Pekalongan. 

Kecamatan Kesesi ndueni 23 desa, lan nyong dewek uripe nang Dusun Kesesi, desa Kesesi, Kelurahan Kesesi, Kecamatan Kesesi. Nek jare wong-wong desa liane, sing uripe nang Kesesine kui wong kota, soale apa-apa pusate anane nang Kesesi.

Desa-desa sing ana nang kecamatan Kesesi Kab Pekalongan
Kesesi, desa sing esih asri, akeh wit-witan nggo panghijauan, akeh sawah sing amba lan parine tukul subur, banyune mili lancar ora tau kurang. Desa sing melune nggunung yaiku desa Windurojo. jaman nyong esih cilik, bapake nyong ngajare nang SDN 03 Windurojo. jaman semono dalane durung aspal, kudu nyebrang kali sing amba lan rawan banjir. Tapi Alhamdulillah saiki bapake nyong wis ora nang Windurojo maning, saiki ngajare nang SDN 02 Kesesi sing panggonane cedak saka umahe nyong.

Cah Kesesi Ayutea
Kenangapa nyong njenengi blogge nyong nganggo jeneng cah kesesi ayutea? jawabane jelas mestine kanca-kanca wis pada ngerti. Yaa jelas, mergone nyong asale saka desa Kesesi, dadine nguja nyong nganggo Kesesi nggo embel-embel blogge nyong. tegese ben wong-wong Kesesi ngerti yen nyong kui blogger sekang Kesesi. hehehe... semono uga Kesesi tak dinggo nggo identitase nyong. Akeh teo kanca-kancane nyong sing pada baene blogger saking Kesesi, tapi ora seterkenal nyong. bhahha.. Cah Kesesi tegese nyong asli bocah Kesesi lan AyuTea tegese nyong bocah wadon sing ayu sekang Kesesi. hehehehe.. Nyong bangga dadi wong Kesesi, walopun Kesesi kui jarene pelosok, tapi akeh wong pinter lahir nang Kesesi. Aja dumeh Kesesi pelosok trus kanca-kanca pada nyengek. Kesesi dewek ndue panganan khas sing ora nana nang desa-desa lia, semono uga Kesesi ndue Waliyullah sing gembiyen ngajaraken lan nyebaraken agama Islam.

Apem Kesesi 
Sapa sing wis tau mangan apem? mestine kanca-kanca kabeh wis pada tau krungu apa kui apem. tapi apeme Kesesi karo liane beda teo. Apeme kesesi di wadahi nganggo godong gedang. Ana bakul sing terkenal teo nang ngendi-ngendi, jenenge  Mak Menis. nyong be langganane nang kana nek saben tuku apem, mak Menis umahe nang desa Jenggul, sekitare 1 KM nek sekang umahe nyong.
gambare nyilih sekang google
Apem Kesesi digawe sekang tepung beras lan gula jawa. rasane enak teo, manis legit kaya nyong, hehhe.. Una, kanca blogger sekang Jakarta wis tau nggawa apem Kesesi tekan Jakarta. pas Una dolan maring Kesesi wulan puasa sing wis kepungkur. Nek kepengen ngerti rasane apem Kesesi, monggo kanca-kanca dolan maring umahe nyong. InsyaALLAH ngko tak tukokna sesedan. :)
Seliane panganan khas, Kesesi uga ndue wong kang pinter lan terkenal dadi waliyullah. jenenge mbah Wali Gendon.

Wali Gendon
Kesesi ndue Wali, jenenge Mbah Wali Gendon, jeneng asline nyong ora ngerti, saben takon wong tua jaman mbiyen pada bae ora ngerti. makame wali kie anane nang Dusun Jenggul Desa Kesesi, esih melu Kelurahan Kesesi. nek sekang ngumahe nyong, makam wali gendon sekitar 2 KM. saben tahun pisan mesti ana khol mbah wali Gendon. sing ngunjungi rame teo, ana sing teka saking nggunung, ana uga sing teka saking kabupaten lia. biasane khole mbah Gendon ana nang wulan syawal minggu sing pindo. nek ana khol, biasane wong Kesesi pada bareng-bareng nggawe apem Kesesi raksasa. ambane nganti 2 meteran, nggawane di songgo wong akeh, nek acara khole wis rampung, biasane jama'ahe pada rebutan apeme, jarene ngalap berkahe dungane wong akeh sing pada teka nang khol iku.

Wis semene ndisit perkenalane tentang Kesesi, kapan-kapan disambung maning, nyong saiki wis ngantuk teo. arep bubuk ndisit.

Keep Blogging and Happy Blogging :)

Note, Vocab:
Nyong = Aku, saya
Teo = Sekali, Banget   


NB: kalo roaming, tanya ke aku ajah langsung yaa.. bhahahaha.. :p
Noorma Fitriana M. Zain
Noorma Fitriana M. Zain, seorang Ibu Rumah Tangga dengan dua anak perempuan yang cantik, hobby menulis dan berselancar di dunia maya, Ia berasal dari Kesesi - Pekalongan, dan kini domisili di Semarang. Lulusan Pascasarjana Unnes ini bercita-cita ingin menjadi Abdi Pendidikan yang bermanfaat di dunia maupun di akhirat. Amin

Related Posts

Post a Comment